Institute for Javanese Islam Research

laboratorium pemikiran jurusan Aqidah & Filsafat Islam - IAIN Tulungagung

Surutipun Têmbang Dolanan Wontên ing Pagêlaran Wayang

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan  Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Têmbang dolanan sakmênikå sampun awis-awis dipunungêlakên wontên ing pagêlaran wayang (ringgit wacucal). Prêkawis mênikå dipunngêndikakên kalihan Ki Udreka, M.Sn., dhalang Ngayogyakarta såhå Dosen ISI (Institut Seni Indonesia) Ngayogyakarta. Pangandikanipun Ki Udreka, M.Sn., pårå dhalang sakmênikå kathah-kathahipun nêmbangakên têmbang ingkang hits utawi populer utawi ingkang booming kémawon. Nglirwakakên têmbang dolanan ingkang kêbak filosofis, simbolis lan nilai-nilai luhur kanggé pêndidikan budi pêkêrti. Têmbang ingkang asring dipunungêlakên kaliyan pårå dhalang kados ta caping gunung, sambêl kêmangi lan sakpiturutipun.

Bab mênikå sêlaras kaliyan panaliténipun pårå panaliti kabudayan Jåwå ingkang nliti têmbang dolanan. Kados ta Untung Muljono ingkang nliti “Pendidikan Nilai Luhur Melalui Tembang (lagu) Dolanan Anak”, Lusi Selly Yunita (2014), “Bentuk dan Fungsi Simolis Tembang Dolanan Jawa”, Maryaeni (2009), “Kajian Tembang Dolanan dan Implikasinya dalam Pendidikan Budi Pekerti Anak Bangsa pada Pendidikan Dasar dan Menengah” saha Nurhidayati, “Pelestarian Budaya Jawa Melalui Lagu Dolanan”.

Pårå panaliti nginggil sarujuk faktor ingkang dadosakên têmbang dolanan kalah pamor utawi surud eksistensi-nipun amargi kêmajênganipun jaman tumuju modern ingkang dipunsarêngi masif-ipun teknologi informasi. Émanipun botên dipunsarêngi kalihan langkah-langkah antisipatif kanggé filterisasi såhå penetrasi. Satêmah boten imbang antawisipun ingkang modern lan ingkang tradisional. Dangunipun dangu ingkang tradisional dipunlirwakakên lan samangkè dipuntilarakên. Kamångkå ingkang tradisional kados ta têmbang dolanan mênikå ngêmu suraos ingkang langkung. Mênawi dipunpètang kanthi saéstu têmbang dolanan mênikå nggadahi makna filosofi, simbolis, religius såhå nilai-nilai luhur.

Jumbuh kalihan pangandikanipun Kostler (1967) têmbang dolanan mênikå ngêmu suraos langkung, dipunginakakên kanggé ngasah intelektualitas, perasaan, emosi, kemampuan fisik såhå kerja manipulatif anak. Pramilå konsep têmbang dolanan mênikå konsepipun rukun, sênêng, dåyå dinayan såhå konsep tontonan (hiburan) (Wahyu, dkk. 1994: 12). Persepektif pendidikan inggih menika wonten papan pawiyatan (sekolah) supados ranah afektif, psikomotorik såhå kognitif siswå sagêd sêimbang. Mênawi persepektif psikologis emosional siswå mênikå stabil såhå langkung nggadhahi jiwa ingkang matang. Pramilå pêndidikan kabudayan mênikå wigati wontên papan pawiyatan kanggé pêndidikan karaktêr pårå siswå.

Makna têmbang dolanan mênawi mêrujuk saking panaliténipun Untung Muljono, Maryaeni (2009), Lusi Selly Yunita (2014), såhå panalitén-panalitén sanésipun. Generalisasi-nipun têmbang mênikå “syair, nyanyian, puisi”. Têmbung “têmbang” wontênipun wontên Jåwå, Bali såhå Sunda sakjabanipun Jåwå, Bali såhå Sunda dipunwastani lagu daerah. Analogi têmbang mênikå sêkar dåsnåmånipun kêmbang, puspå, puspitå, kusumå, kumalå såhå padmå. Sêkar mênikå éndah sêmantên ugi kaliyan têmbang mênikå éndah. Éndahipun têmbang mapan wontên syairipun, iramå såhå wontên seni swaranipun.

Mênawi dolanan mênikå “permainan” . Prasåjanipun têmbang dolanan mênikå lagu dolanan ingkang dipuntêmbangaken kanthi raos sênêng dipunsarengi kalihan dolanan. Pramila lagu dolanan mênikå dipunkêlompokakên minångkå “permainan tradisional Jawa”. Jalaran nalikå nêmbangakên dipunsarêngi kalihan dolanan Jåwå. Nanging ugi wontên sakperangan lagu dolanan ingkang botên dipunsarêngi kalihan dolanan kados ta oh adhiku, mentok-mentok, ilir-ilir lan sanésipun. Sêdåyå mênikå dipunwastani têmbang dolanan.

Têmbang mênikå kalêbêt folksongs utawi folklor lisan utawi sastra lisan. Ingkang narik kawigatén inggih mênikå teorisasi panalitén têmbang dolanan déréng nggadhahi pancadan ingkang kiyat.  Miturut Maryaeni (2009) panalitén têmbang dolanan kontéks ilmuan måncå inggih mênikå Amerika såhå Inggris. Panalitén têmbang dolanan mênikå nêmbé dipunwiwiti awal paruh kedua abad kaping kalih dåså (20). Satêmah teorisasi såhå metodologis têmbang dolanan taksih déréng mapan såhå déréng wontên paugêran gumathok. Ilmuwan måncå mênikå nyadari bilih têmbang dolanan mênika wigati (urgen) mênawi dipuntlisik saking sisi sejarahipun. Miturut pamanggih kulå ilmuwan Barat mênikå telat ngrespon bab tembang dolanan wontên Jåwå. Wontên Jåwå sampun wontên kirang langkung abad kaping XV Masehi. Sejantosipun ilmuwan-ilmuwan Indonesia mliginipun Jåwå ingkang ngrêmbakakên.

IAIN Tulungagung mênikå nggadhahi pêluang agêng ngrêmbakakên keilmuan lumantar nggiyatakên panalitén såhå publikasi Ilmiah. Sêdåyå mênikå kagungan poténsi såhå peluang, kantun kadospundi anggénipun nggula wêntah. Sample têmbang dolanan wontên FTIK (Fakultas Tarbiyah dan Ilmu Keguruan) ing jurusan PGMI såhå PIAUD dipunginakakên sarånå pendidikan karaktêr siswå. Mênawi FUAD inggih menika wonten IJIR ing pamikiranipun.

Têmbang dolanan wontên pagêlaran wayang mênikå dipunungêlakên wontên adêgan gara-gara inggih mênikå dipunungêlakên kalihan pårå Punakawan Semar, Gareng, Petruk såhå Bagong. [] wonten candhakipun

Institute for Javanese Islam Research
Jurusan Aqidah & Filsafat Islam
Fakultas Ushuluddin, Adab dan Dakwah
IAIN Tulungagung
Jl. Mayor Sujadi Timur 46, Tulungagung, Jawa Timur, Indonesia.
Kodepos: 66221
email: pusatkajianislamjawa@gmail.com

Frontier Theme