Institute for Javanese Islam Research

laboratorium pemikiran jurusan Aqidah & Filsafat Islam - IAIN Tulungagung

Proses Kreatif Ndamel Wayang

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan  Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Gårå-gårå wontên pagêlaran wayang kulit purwå mênikå multitafsir såhå multipersepektif nggadhahi simbolisasi kahanan Jawa rikala sêmanên. Saking sejarahipun adêgan gårå-gårå mbok mênawi mbotên wontên ing jaman kuna jaman Hindu-Buddha ing Jawa déréng dipunpanggihi data-data historisipun.

Pagêlaran wayang jaman kuna langkung monoton, dereng wontên inovasi, såhå improvisasi taksih wêtah mênåpå wontênipun. Piranti pagêlaran wayang taksih prasåjå botên pêpak kados jaman sakmênikå. Ginanipun wayang gêgayutan kalihan upåcårå religius utawi ritualisasi jaman sêmantên.

Sêratan mênikå nlusuri sejarah wayang jaman Jawa kuna såhå data-data historisipun. Samangkè ngantos dados pagêlaran wayang kados jaman sakmênika. Wontên sambung rapêtipun kaliyan têmbang dolanan minggu kêpêngkêr. Têmbang dolanan satunggaling sastra inggih mênika sastra lisan. Têmbang mênikå unsur wigati wontên pagêlaran wayang. Wontênipun têmbang dadosakên pagêlaran wayang dados nêngsêmakên sagêd swasånå-swasånå. Wontên pagêlaran wayang botên namung têmbang dolanan nanging katah têmbang-têmbang sanésipun. Nalikå pagêlaran wayang têmbang dolanan mênika dipunungêlakên nalikaning gårå-gårå nanging jaman sakmênikå awis-awis dipunungêlakên.

Sejarah pandamêlipun wayang jaman kuna mênikå ngginakakên mênåpå, cårånipun kadospundi mênikå awrat, awis-awis ingkang ngandharakên. Mênawi perspektif Bastomi (1992: 92-93) ngandharakên saking angan-angan bayangan arwah nénék moyang mangaribawani cårå damêl wayang.

Pandamêlipun wayang taksih prasåjå wayang dipungoresaken (digambar) wontên ing rontal wujudipun gambar garis. Piranti kanggé nggambar inggih mênikå paku. Bêkas saking gorésan paku dipunusap mawi jêlaga (asap lampu) satêmah gorésan mênikå dados cêthå såhå nggadahi warni cêmêng.

Mênawi média kanggé nggambar mênikå ngginakakên rontal utawi sêjênisipun nglarasakên kalihan kahanan. Dadosipun nggambaripun wontên rontal ukuranipun kirang langkung 2,5 cm dipunlarasakên kalihan wiyaripun rontal. Gambar-gambar mênikå wiwitipun namung kanggé sakulawargå. Dipunpirsani wontên ing lingkungan kulawargå, ingkang dados penuturipun (dhalang) mênikå kêpala kulåwargå. Båså ingkang dipunginakakên inggih menikå båså Jawa padintênan. Samangké dipunwastani wayang bébér.

Wayang manggéhihakên wujud sampurnå såhå sangêt dipuntrésnani kalihan masarakat Jawa taun 907 Masehi såhå abad kaping XI. Pagêlaran wayang sagêd narik kawigatén ingkang nonton pagêlaran wayang. Pokok pagêlaran wayang sipatipun magis-religius. Mulyana (1987: 57) nandêsakên taun 907 Masehi mênikå minångkå puncak kabudayan Jawa, puncakipun kêsênian Jawa. Wayang manggihakên wujudipun nalika taun sêmantên satêmah sagêd dipunidentifikasi. Jawa rikala taun sêmantên dipunwastani renaisans Jawa setunggal.

Pemvisualisasian pagêlaran wayang wontên kakawin “Arjuna-Wiwaha” karya Mpu Kanwa, Prabu Airlangga 1030 Masehi inggih menika wonten pupuh (bait) Cikharini pupuh kaping 9. Dipunandharakên kados ngandhap mênikå:

“Hanonton ringgit manangis asekel mudha hidhepan huwus wruh tuwin yan  walulang inukir molah angucap hatur ning wang tresneng wisaya malaha ta wihikana ri tatwa nyan maya sahana-hana ning bawa siluman”.

(“Ada orang menonton atau melihat wayang menangis, kagum, sedih hatinya. walaupun sudah mengerti bahwa yang dilihat hanya kulit dipahat berbentuk orang dapat bergerak dan berbicara, yang melihat wayang umpanya orang yang bernafsu dalam keduniawiaan yang serba niknat, mengakibatkan kegelapan hati. Ia tidak mengerti bahwa pada hakikatnya hanyalah bayangan seperti sulapan, sesungguhnya hanya semu saja”).

Menawi wonten Prasasti inggih menika wonten prasati pada jaman Prabu Dyah Balitung tahuan 829 saka (709 M) dipunandharaken ngandhap menika:

“…sinalu macarita bhima kumara mangingal kicaka/si jaluk macarita Ramayana/ mamirus mabanol si muk muk/ si galigi mawayang buat hyang macarita bhima ya kumara…”.

(“Diadakan pertunjukan, yaitu menyanyi (nembang) oleh Sang Tangkil, Hyang si Nalu bercerita Bhima kumara dan menarikan Kicaka. Si jaluk bercerita Ramayana, menari topeng dan melawak oleh Si Mungmuk. Si Galigi memainkan wayang untuk hyang (arwah nenek moyang) dengan cerita (Bhima) kumara”). []

wonten candhakipun

Institute for Javanese Islam Research
Jurusan Aqidah & Filsafat Islam
Fakultas Ushuluddin, Adab dan Dakwah
IAIN Tulungagung
Jl. Mayor Sujadi Timur 46, Tulungagung, Jawa Timur, Indonesia.
Kodepos: 66221
email: pusatkajianislamjawa@gmail.com

Frontier Theme