Institute for Javanese Islam Research

laboratorium pemikiran jurusan Aqidah & Filsafat Islam - IAIN Tulungagung

Prasasti Sumber Sejarah Wayang ingkang Akurat

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan  Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Wayang wiwit taun 907 M sampun manggihakên wujud ingkang sampurnå, sampun sagêd dipun identifikasi såhå sampun sagêd dipunpirsani minångkå pagêlaran wayang. Dadosipun miturut pamanggih kulå mlebetipun agami Hindu-Buddha utawi kabudayan saking India mangaribawani kabudayan Jawa tumuju kabudayan ingkang adiluhung. Mênawi jaman prasejarah mênika taksih abstrak, agami Hindu-Buddha utawi kabudayan India nyêthakakên ingkang abstrak saking jaman prasejarah.

Sêmantên ugi kaliyan wayang mênikå cêtha nalikå pikantuk pangaribawaning agami Hindu-Buddha utawi kabudayan India. Wayang dipunginakakên upåcårå réligius agami Hindu-Buddha, fungsinipun magis-mitis-religius. Cariyos wayang ingkang aslinipun saking cariyos nénék moyang dipungantos ngginakakên cariyos saking India inggih mênikå épos Ramayana-Mahabharata. Samangké épos Ramayana-Mahabharata kaliyan ilmuwan Jawa (pujangga Jawa) digubah dados raos Jawa sêlaras kaliyan kabudayan Jawa såhå dipunginakakên dumugi sakmênikå. Såhå dados pakêming pagêlaran wayang utawi pagêlaran ringgit wacucal.

Indikatoripun wayang sampun manggihakên wujud sampurnå såhå wontên pagêlaran wayang wonten kakawin “Arjuna-Wiwaha” karya Mpu Kanwa. Sumber sejarah wayang saking prasasti inggih mênikå wontên prasasti Dyah Balitung taun 829 saka (709 M). Prasasti sanésipun ingkang ngrêmbag prêkawis wontênipun wayang inggih mênika prasasti Jaha taun 762 Saka (840 M) dipunpanggihakên têmbung “ringgit”.

Selajengipun wonten prasasti Wahara Kuti 762 S (804 M) såhå Prasasti Mantyasih 826 Saka (904 M), dipunpanggihakên têmbung ‘hatupukan’ utawi ‘matapukan’.  Prasasti Candhi Perot 772 Saka (850 M) dipunpanggihakên tembung “manepel”, Prasasti Wilamaasrama 952 Saka (930 M) dipunpanggihakên tembung ‘wayang wwang’.

Prasasti nginggil mênikå mênawi dipunanalisa adhedhasar ahli sejarah Jawa kuna dipunriptå abad kaping IX saha X. Generalisasinipun adhêdhasar prasasti nginggil wayang manggihakên wujud sampurnå abad kaping IX såhå kaping X. Indikatoripun wontên prasasti mênikå dipunpanggihakên têmbung “ringgit”, “hatupukan” utawi “matapukan”, “manepel”, saha “wayang wwang” nêdahakên wontênipun wayang topéng. Wayang topeng mênikå kados déné wayang wong inggih mênikå parågå-parågånipun tiyang ingkang ngagêm topéng.

Prêkawis têmbung “wayang” analisanipun botên sanés kêjawi “wayang wwang”, têmbung “wwang” mênikå têgêsipun tiyang. Têmbung “wwang” sêsulihipun têmbung ‘wayang kulit’ ingkang nêmbé wontên taun 930 (prasasti Wilamaasrama). Satêmah antawisipun wayang kulit såhå wayang uwong saking sisi sejarahipun mênikå sarêng wontênipun inggih mênikå abad kaping IX M.

Mênawi dipungayutakên kaliyan Kêrajaan Mataram Kuna wontên Jawa Tengah, wayang déréng wontên. Wayang nêmbé wontên nalikå sistêm kerajaan pindah wontên Jawa Timur. Tegesipun saksampunipun kraton Medhang ing Mataram kuna Jawa tengah pindah dhateng Jawa Timur. Dadosipun sejarah wayang wontên sambung rapêtipun kalihan kronik pêralihan utawi masa transisi kerajaan lan kahanan jaman sêmantên.

Analisa sumber sejarah wayang saking prasasti nginggil adhêdhasar Zoetmulder (1985: 295) minångkå sumbêr kuno ingkang nggadahi bobot sejarah inggil. Prasasti media nyêratipun wontên ing watu, kuningan  lan sêjênisiipun. Wosipun prasasti inggih mênikå wujuding dekrit satunggaling ratu utawi ulêm. Sumbêr sejarah sanésipun ingkang nggadahi bobot inggil såhå sagêd dipuntanggêljawabakên inggih mênikå kakawin utawi kapustakan Jawa kuna (manuskrip). Prêkawis mênikå dipunkiyatakên kalihan Timoer (1988: 33-48) ngendikanipun data akurat sumbêring sejarah wayang inggih mênikå wontên prasasti, kepustakan Jawa Kuna (manuskrip) såhå wontên relief candi.

Miturut pamanggih kula prasasti såhå manuskrip mênikå sumbêr akademik utawi sumbêr ilmiah jaman kuna. Ilmuwanipun konteks kabudayan Jawa utawi båså lakolipun pujangga. Wosipun prekawis ilmu (ngelmu) jaman semanten ingkang taksih relevan jaman sakmenika. Sêratanipun adhêdhasar paugeran akademik nyêrat ilmiah jaman sêmantên. Sêratanipun bébas intervensi saking bayang-bayang scopus såhå bébas saking plagiarisme.

Adhêdhasar teori Zoetmolder (1985) såhå Timoer (1988) prasasti såhå naskah Jawa kuna (manuskrip) sumbêr sêjarah wayang ingkang sagêd dipuntangêljawabakên, sahih utawi validitasipun sampun teruji. Hipotesanipun pagêlaran wayang ingkang dipunsêbatakên ing prasasti nginggil sahih. Pagêlaran wayang saéstu wontên rikålå abad kaping IX såhå abad kaping X. Wayang jaman sêmantên dipunwastani wayang jaman kuna ingkang pikantuk pangaribåwå saking agami Hindu-Buddha. Cariyos wayang dipungantos ngginaken cariyos saking India inggih menika epos Ramayana-Mahabharata.[]

wonten candhakipun

Institute for Javanese Islam Research
Jurusan Aqidah & Filsafat Islam
Fakultas Ushuluddin, Adab dan Dakwah
IAIN Tulungagung
Jl. Mayor Sujadi Timur 46, Tulungagung, Jawa Timur, Indonesia.
Kodepos: 66221
email: pusatkajianislamjawa@gmail.com

Frontier Theme