Institute for Javanese Islam Research

laboratorium pemikiran jurusan Aqidah & Filsafat Islam - IAIN Tulungagung

Hakikat Makna Wayang

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan  Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Pirêmbagan-pirêmbagan sakdéréngipun ngrêmbag prêkawis sêjarah wayang. Generalisasinipun wayang kabudayan Jawa wontên ing pangrêmbakanipun pikantuk pangaribawaning kabudayan India (Hindu-Buddha), agami Islam lan sanésipun. Nyinauni wayang kadosdéné nyinauni kabudayan Jawa ingkang pêpak sartå aspek pamikiran Jawa ingkang mligi såhå aspek religiusipun.

Analisa Ciptoprawiro (1977) wayang mênikå pangéjawantahanipun filsafat Jawa. Rumusan filsafat Jawa asalipun saking pola pamikiran Jawa ingkang kabêntuk saking pamikiran-pamikiran Jawa wiwit jaman prasejarah dumugi jaman kamardikan. Pola pamikiran Jawa ngasilakên rumusan pola universal inggih mênikå pambudi daya manungsa Jawa supados sagêd manggihakên kasampurnan.

Pramilå wontên pagêlaran wayang nêdahakên pambudidaya manggihakên kasampurnan. Prêkawis mênikå minångkå dasar ontologis wayang. Wayang minangkå pangéjawantahanipun filsafat Jawa identifikasinipun ngginakakên aliran intuisionisme. Aliran ingkang nggabungakên ing antawisipun rasionalitas såhå empirisme kanthi dipunsêngkuyung rahsa (råså).

Aristoteles mastani piranti ukur mênikå dipunwastani Organon. Satêmah rumusanipun wayang nggabungakên ing antawisipun rasionalitas, emiris sartå rahsa (råså). Wayang sipatipun botên namung rasional såhå empiris nanging kêdah wontên unsur rahsa (råså) minångkå ciri mliginipun wayang. Satêmah wayang mênika nggabungakên ing antawisipun olah pikir saha olah rasa. Jumbuh kalihan pamikiranipun tiyang Jawa  dipunwujudakên kanthi têmbung “tak rasa-rasa, penggalih, menggalih”. Sanés kanthi têmbung “tak pikir-pikir”.

Pirêmbagan mênikå ngrêmbag prêkawis hakikat makna wayang. Pitakénanipun sêjantosipun makna wayang mênikå mênapå. Mangsuli pitakénan mênikå makna wayang miturut pangandikanipun Purwoko ( 2010: 11) sartå Bastomi (1992: 90) wayang katitik segi etimologis maknanipun ayang-ayang utawi bayangan. Deskripsinipun gambaran fantasi bayanganipun manungså.

Dangunipun dangu makna mênikå ngrêmbåkå sêlajêngipun wayang dipuntêgêsi minångkå bonéka ingkang sagêd dipunlampahakên wontên ing satunggaling pagêlaran wayang. Pramilå wayang saking sêgi istilah dipuntêgêsi bonéka ingkang dipungêlarakên wontên ing satunggaling pagêlaran wayang.

Pandangon nginggil dipunsêngkuyung kalihan Guritno (1988: 11) nandêsakên wayang mênikå maknanipun ayang-ayang utawi bayangan. Têgês mênikå ngrêmbåkå sêlajêngipun makna wayang dipuntêgêsi bonéka ingkang dipungêlarakên ing pagêlaran wayang. Dipunkiyatakên kalihan andharanipun Mulyono (1989: 8-10) ingkang nlusuri makna wayang kanthi nandingakên kalihan båså sanésipun. Têmbung “wayang” wontên ing båså Jawa mênikå “bayangan”, mênawi wontên ing båså Melayu mênikå “bayang-bayang”, wontên ing båså Aceh månikå “bayeng”, wontên ing båså Bugis mênikå “wayang” utawi “bayang”, wontên ing båså Bikol mênikå “baying inggih mênikå “barang” têgêsipun ingkang sagêd dipunpirsani kanthi nyåtå.

Persepektif sanésipun têgês wayang mênikå saking têmbung “wa” såhå “yang”. Têmbung “yang” mênikå bervariasi kalihan “yung”, “yong” ing antawisipun akar kata mênikå dipunpanggihakên wontên ing têmbung “layang” (terbang), “doyong” (miring, tidak stabil), “royong” (bergerak kesana kemari, dari tempat satu ketempat lain), såhå “poyang-payingan”(berjalan sempoyongan dan tidak tenang).

Panambang “wa” mênawi wontên ing båså Jawa modern mênikå botên nggadahi fungsi, nanging mênawi wontên ing båså Jawa kuna panambang “wa” mênikå taksih nggadahi fungsi inggih mênikå wontên ing tata båså Jawa kuna. Satêmah têmbung “wayang” dipuntêgêsi “mlaku mrana-mrene” (berjalan kian-kemari), “boten saged ajeg” (tidak tetap), “sayup-sayup” minångkå substansi saking têmbung “bayang-bayang”.

Adhedhasar analisa nginggil aspék båså, têmbung “wayang” sampun wontên wiwit panambang “wa” taksih nggadahi fungsi inggih mênikå wontên ing tata båså Jawa kuna. Mênawi dipungayutakên kalihan pirêmbagan sejarah wayang prêkawis mênika nggiyatakên hipotesa wayang bilih wayang mênikå sampun wontên ing Jawa rikala jaman Jawa kuno. Nêdahakên wayang nggadhahi rentétan sejarah ingkang panjang pantês mênawi wayang dumugi sakmênikå taksih eksis såhå nggadhahi ekosistem ingkang wiyar.

Boneka-boneka ingkang dipunginakakên wontên ing pagelaran wayang mênikå “berbayangan” utawi sagêd maringi “bayang-bayang” satêmah dipunwastani “wayang”. Têmbung “awayang” utawi “hawayang” rikålå sêmantên nggadahi têgês “sesrawungan kalihan wayang” inggih mênikå gêlarakên pagelaran wayang. Dangunipun dangu pangrêmbakanipun jaman têmbung wayang bermetamorfosa dados nåmå saking pagêlaran bayang-bayang.

Jumbuh kalihan pangandikanipun Joso Widagdo lumantar Zarkasi (1973: 21) ngandharakên adhêdhasar makna asalipun wayang ingkang dipunpirsani mênikå bayanganipun sanés blêgêr wayangipun. Bayangan wayang sagêd kêtingal amargi wontênipun soroting blencong.  Prekawis mênikå kados kahanan sakmênikå nalikaning mirsani pagêlaran wayang ingkang dipunpirsani blêgêr wayangipun. Sumêrêpipun namung ingkang mawujud ingkang esensi botên dipungatosakên.

Bab mênikå botên dados mênåpå amargi nglarasakên kalihan kahanan jaman supados wayang têtêp lêstari såhå adaptif. Prêkawis ingkag awrat mênikê esensi wayang inggih mênikå bayangan urip gêsangipun manungsa ing ngalam donya. Gegayutan kalihan filsafat hidup ing alam donya. Mirsani pagêlaran wayang pikantukipun tontonan såhå tuntunan.

Wayang persepektif Pigeaud inggih mênikå; (1) bonéka ingkang dipungêlarakên, (2) dipungêlarakên mawi mapintên-pintên wujud, mliginipun ingkang ngandhut kawruh, wêjangan-wêjangan, inggih mênikå wayang purwa utawi wayang kulit. Pagêlaran mênikå dipuniringi kalihan gamelan.

Generalisasinipun hakikat makna wayang, makna asalipun wayang mênikå ayang-ayang utawi bayangan. Têgês mênikå ngrêmbåkå mangaribawani têgês wayang ingkang asalipun ayang-ayang utawi bayangan, têgêsipun wayang mênikå bonéka ingkang sagêd dipungêlarakên wontên pagêlaran wayang. Pangrêmbåkå sêlajêngipun wayang dipunginakakên kanggé nyêbat pagêlaran wayang. []

(wonten candhakipun)

Institute for Javanese Islam Research
Jurusan Aqidah & Filsafat Islam
Fakultas Ushuluddin, Adab dan Dakwah
IAIN Tulungagung
Jl. Mayor Sujadi Timur 46, Tulungagung, Jawa Timur, Indonesia.
Kodepos: 66221
email: pusatkajianislamjawa@gmail.com

Frontier Theme