Institute for Javanese Islam Research

laboratorium pemikiran jurusan Aqidah & Filsafat Islam - IAIN Tulungagung

Jinising Wayang

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan  Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Fatkurrohman Al Jawi [] Dosen Bahasa Jawa di Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam dan Sosiologi Agama; Peneliti di IJIR []

Wayang nggadhahi manèkå warni jinis mbotên namung wayang kulit purwa kèmawon, kados ingkang asring dipanpanggihi såhå dipungêlarakên jaman sakmênikå. Teorinipun sabên fasê jaman nggadahi jinis wayang såhå ciri khusus minångkå tåndhå èranipun sintên.

Kados ta jaman Prabu Jayabaya wayangipun wayang purwa. Emanipun sabên jinis wayang umuripun botên dangu lajêng mangké dipungêntosi kaliyan wayang jinis sanèsipun. Bab mênikå dadosakên kepunahan jinis wayang. Satêmah kahanan mêkatên dadosakên kawruh (pengetahuan) wayang winatês.

Prêkawis jinis wayang mênikå wigati amargi gêgayutan kaliyan identifikasi pangrêmbakaning wayang saking masa ke masa. Satêmah sagêd dipunanalisis metamorfosa wayang såhå latar belakang sejarah lan sosio kulturalipun. Sunarto (1989: 25-28) wontên ing bukunipun Wayang kulit purwa gaya Yogyakarta: sebuah tinjauan tentang bentuk, ukiran, sunggingan, ngrinci manèkå warnå jinis wayang. Supados gampil anggènipun nganalisis jinis wayang dipunrinci adhêdhasar urutan taunipun.

Jinis wayangipun inggih mênikå; (1) Wayang Purwa, titikanipun lakon pewayangan dipunpêndhêtakên saking kitab Mahabharata såhå Ramayana, wujud wayangipun kados wontên ing relief-relief candi, saémpêr kaliyan wujud manungså. Zarkasi (1977: 21-22) ngandharakên têmbung ‘purwa’ têgêsipun ingkang rumiyin, wiwitan, nggambarakên periode jaman wiwitan. Dadosipun wayang purwa minangkå tåndhå periode jaman wiwitan inggih mênikå jamanipun Prabu Jayabaya.

Andharan nginggil dipunkiyatakên kaliyan Bastomi (1992: 95) ngêndikakên wayang purwa ingkang ngripta Prabu Jayabaya saking negari Mamenang, Kediri, Jawa Timur. Wontên ing pangrêmbakanipun nalikaning jaman Majapahit sartå jaman Demak wujud wayang wontên perubahan wujud såhå bahan kagêm ndamel wayang, satêmah kados wayang sakmênika.

wayang purwa sagêd dipunbédakakên jinis-jinis ukuran wayang sêtunggal kaliyan sêtunggalipun, inggih mênikå: (a) Wayang Kaper, wayang kaper ukuran wayangipun alit. Padatanipun dipunginakakên kanggé laré-laré ingkang taksih ajar ndhalang. Nanging  wayang ingkang nggadahi ukuran agêng kadosta wayang Bima kaliyan Raksasa dipundamêl sami agêngipun, sêmantên ugi kaliyan parågå wayang Kresna såhå Arjuna.

(b) Wayang Kidang Kencana, jinis wayang mênika asring dipunsêbat ‘kencana’ têgêsipun ukuranipun cêkapan (sedang) botên agêng, botên alit. Maksud panggawènipun mênawi dipunginakakên péntas ndalang botên kabotan såhå langkung sêkécå mênawi dipuncêpêng.

(c) Wayang Pedhalangan, ukuran agêngipun sami kaliyan padatanipun ingkang dipunginakakên wontên ing masarakat. Tuladhanipun kados; (1) Wayang Bima, inggilipun 70,7 cm, wiyar 30,2 cm, (2) Wayang Arjuna, inggilipun 44,5 cm, wiyaripun 17,5 cm, (3) Wayang Sembadra, inggilipun 29,4 cm, wiyar 14 cm, (4) Wayang Batara Kala (jinis rakseksa), inggilipun 83 cm, wiyar 42,5 cm.

(d) Wayang Ageng, wayang ageng jinis wayang ingkang nggadahi ukuran ingkang langkung agêng tinimbang jinis wayang sanésipun inggih mênikå wayang kaper, wayang kidang kencana såhå wayang pedhalangan.

(2) Wayang Madya utawi jaman tengah. Wayang menika yasanipun Mangkunegara IV ing Surakarta. Cariyos lakon wayangipun nglajêngaken cariyos wayang purwa (Zarkasi (1977: 22). Pangandikanipun Soetarno saha Sarwanto wayang madya nyariosakên pagêsanganipun saksampunipun pandhawa mukså. Cariyosipun sambungan saking serat Pustaka Raja Purwa (yang dapat disejajarkan Mahabharata mengenai ceritanya) kaliyan serat Pustaka Raja Madya såhå serat Adji Pamasa. Cariyosipun dipunwiwiti saking kisah Prabu Parikesit ingkang nggadahi putra Prabu Yudayana, ingkang samangké dados Raja ing Nêgari Ngastina dumugi Kisah Jayalengkara.

Wujudipun wayang madya saèmpêr kaliyan wayang purwa, bèdanipun wayang purwa sampun botên ngginakakên praba (orang kebanyakan menamai badong). Karawitan wayang madya ngagêm iringan gamelan laras Slendro. Gendhing-gendhingipun ingkang ngripta Sri Mangkunegara IV. Sakmênikå gendhing-gendhingipun namung dados peninggalan sejarah (Soetarno saha Sarwanto, 2010:146-155). [] wonten candhakipun

Institute for Javanese Islam Research
Jurusan Aqidah & Filsafat Islam
Fakultas Ushuluddin, Adab dan Dakwah
IAIN Tulungagung
Jl. Mayor Sujadi Timur 46, Tulungagung, Jawa Timur, Indonesia.
Kodepos: 66221
email: pusatkajianislamjawa@gmail.com

Frontier Theme